Jabur 106 JAV

MASMUR 106

Sih-susetyane Gusti Allah lan wangkoting atine bangsa Israel

106:1-48

1 Haleluya!Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.

2 Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih,tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane?

3 Rahayu wong kang netepi angger-angger,kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.

4 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka,Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka,

5 supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka,supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka,sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak.

6 Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa,kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.

7 Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir,sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka,sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka,malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur,wonten ing pinggiripun seganten Teberau.

8 Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane,supaya padha sumurupa marang kakiyatane.

9 Segara Teberau didukani temah dadi asat,para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung,kayadene liwat ing ara-ara samun.

10 Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit,sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.

11 Mungsuhe padha kasasaban ing banyu,ora ana kang kari siji-sijia.

12 Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane,sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.

13 Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane,lan ora nyrantekake marang pitedahe;

14 padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi,sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun.

15 Padha diuja kekarepane,nanging awake uga banjur diganjar lelara nglayung.

16 Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan,tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.

17 Bumi tumuli bengkah nguntal Dhatan,sarta ngingkemi grombolane Abiram.

18 Ana geni kang mulad-mulad ing tengahe grombolan mau,lan urube nggesengake para wong kang duraka iku.

19 Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet,sarta sujud marang reca cithakan;

20 padha ngijolake Kamulyanekalawan wewujudan sapi lanang kang mangan suket.

21 Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane,kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;

22 pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham,pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.

23 Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur,yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran,nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.

24 Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku,padha ora ngandel marang pangandikane,

25 malah padha pating kedumel ana ing kemahe,lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,

26 mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur,arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,

27 sarta turune bakal padha dibuyarake ana ing antarane para bangsa,lan disebar menyang ing negara-negara.

28 Apadene padha rumaket marang Baal-Peor,sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati.

29 Dadi padha gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pratingkahe mau,mulane padha katempuh ing wewelak.

30 Pinehas tumuli tumandang nindakake pangadilan,temah wewelak mau banjur sirep.

31 Bab iku kapetung dadi jasane turun-tumurun ing salawas-lawase.

32 Ana ing sacedhake banyu ing Meriba,para leluhur padha gawe dukaning Allah,satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan,marga saka para leluhur mau,

33 amarga para leluhur padha njalari dukane Nabi Musa,nganti panjenengane ketrucut anggone ngandika.

34 Para bangsa padha ora dibengkas,kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,

35 nanging padha tetunggalan karo para bangsa mau,lan niru pratingkahe,

36 brahalane padha disembah,temah dadi kalajiret tumrap para leluhur.

37 Padha ngurbanake anak-anake lanang,lan anak-anake wadon marang para roh reged,

38 dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput,iya iku getihe anake lanang lan wadon,kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan,temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.

39 Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku,sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.

40 Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate,sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,

41 banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan,satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti.

42 Padha kaindhes-indhes dening mungsuhe,satemah teluk marang ing pangwasane.

43 Wus bola-bali anggone padha dipitulungi dening Gusti Allah,nanging padha mbalela wae kanthi rancangan-rancangane,padha kerem ing sajroning kaluputane.

44 Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane,nalika miyarsa pasambate.

45 Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau,temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.

46 Padha diparengake oleh kawelasansaka ing sakehing wong kang padha nawan.

47 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari,sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa,supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci,sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka.

48 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengansarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin!”Haleluya!