Jabur 27 JAV

MASMUR 27

Ayem ana ing pangayomaning Allah

27:1-14

1 Anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku,sapa kang dakwedeni?Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku,sapa kang marakake aku gumeter?

2 Nalika para durjana padha nempuh marang akuarep mangan dagingku,yaiku sakehing satruku lan mungsuhkubanjur padha kajengklok lan tiba.

3 Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku,atiku ora giris,sanadyan tuwuh peperangan,atiku tetep pracaya.

4 Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah,yaiku kang dakpenginimuga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,nyawang kadarmane Sang Yehuwahsarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.

5 Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane,manawa ana bebaya;ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube.Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.

6 Saiki sirahku jejeg,ngungkuli musuh kang ngepung aku;ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak;aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.

7 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula ingkang kawula unjukaken,mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan!

8 Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.”Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.

9 Paduka mugi sampun nutupi wedana Paduka dhateng kawula,Paduka sampun nampik abdi Paduka klayan bebendu;Paduka punika pitulungan kawula,kawula mugi sampun Paduka tampiksaha Paduka tilar,dhuh Allah, Juruwilujeng kawula!

10 Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula,nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula.

11 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka,sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradinmargi saking wontenipun mengsah kawula.

12 Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng hawa nepsunipun satru kawula,awit sampun wonten seksi-seksi dora ingkang sami nglawan kawula,kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa.

13 Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwahana ing bumining wong urip!

14 Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!Padha dipanggah lan ditatag atimu!Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!