Jabur 60 JAV

MASMUR 60

Pandonga nyuwun kaunggulan

60:1-14

1 Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang,

2 nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu.

3 Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah;Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!

4 Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah;ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih,awit bumi sampun gonjing.

5 Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget,kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.

6 Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)

7 Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat,Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!

8 Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun:“Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi,sarta lebak Sukot bakal Sunukur.

9 Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,Efraim iku tetoponging mustakaningSun,Yahuda iku jungkating kepraboningSun;

10 Moab iku papan pawijikaningSun,Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun,marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.”

11 Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa?Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

12 Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula,sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?

13 Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah,amargi pitulunganing manungsa punika muspra.

14 Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran,awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.