Jabur 36 JAV

MASMUR 36

Durakane wong dosa lan sih-rahmate Gusti Allah

36:1-13

1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah.

2 Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine;ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,

3 sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe,nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.

4 Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan,wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.

5 Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala,kang diambah dalan kang ora becik,sarta ora nyirik piala.

6 Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa,saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.

7 Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah,pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi.Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.

8 Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah!Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.

9 Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka,sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.

10 Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka;anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.

11 Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka,sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun.

12 Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung,utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka.

13 Lah punika para tiyang ingkang nglampahi piawon sami dhawah;sami kabanting ngantos boten saged tangi malih.