Jabur 96 JAV

MASMUR 96

Gusti Allah, Gusti lan Hakim ing saindenging jagad

96:1-13

1 Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar,he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!

2 Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane,peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.

3 Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa,lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.

4 Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji,sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.

5 Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna,nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,

6 kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane,karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.

7 He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah,iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!

8 Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane,nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.

9 Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen,he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.

10 Padha undhangna ana ing antarane para bangsa:“Pangeran Yehuwah iku Raja!Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang,Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”

11 Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak,sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!

12 Ara-ara dalah saisine kareben sukarena;ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,

13 ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh,sabab rawuhe bakal ngadili jagad,jagad bakal dihakimi kalawan adil,lan para bangsa kalawan kasetyane.