Jabur 107 JAV

JILID V: MASMUR 107-150

Kidung panuwun rerepene para wong kang tinebus dening Pangeran Yehuwah

107:1-43

1 Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!Ujer sih-susetyane iku langgeng ing salawase.

2 Mangkono pangucape para wong kang padha katebus dening Yehuwah,kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah,

3 kang dikumpulake saka ing nagara-nagara,saka ing tanah wetan lan kulon,saka ing lor lan saka ing kidul.

4 Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun,ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.

5 padha kaluwen lan kasatan,nyawane kasulayah banget.

6 Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing sangsarane,

7 ditedahi dalan kang bener,temah banjur tekan ing kutha kang dienggoni ing wong.

8 Wong mau kareben padha ngaturake panuwun marang Sang Yehuwah,marga saka sih-susetyane,marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,

9 awitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan,sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan.

10 Ana wong kang padha ana ing pepeteng lan ing palimengan,kinurung ing sangsara lan wesi.

11 Sarehne padha mbalela marang pepakoning Allah,sarta ngremehake marang pitadahe Kang Mahaluhur,

12 mulane ditelukake atine kalawan kasusahan,padha kejlungup, ora ana kang mitulungi.

13 Ing sajroning karubedane iku, bareng padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing kasangsarane,

14 diluwari saka ing pepeteng lan palimengan,sarta ranten padha dipedhoti.

15 Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah awit saka sih-susetyane,lan kaelokane marang para anaking manungsa;

16 awit Pangeran wus karsa mbejadi lawang-lawang tembaga,sarta nugeli slarak-slarake wesi.

17 Ana wong kang padha nandhang lara awit saka panggawene kang dosa,lan siniksa marga saka kaluputane.

18 Wis padha bosen marang sarupaning pangan,lan wus padha tekan ing gapuraning pati.

19 Ing sajroning karupekane mau nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing kasusahane.

20 Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake,padha oncat saka ing luwenging kubur.

21 Wong iku mau kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah, awit saka sih-kadarmane,lan marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,

22 sarta kareben padha nyaosake kurban pamuji sokurtuwin nyaritakake pakaryane Gusti Allah kalawan surak-surak.

23 Ana wong kang nyabrangi segara kalawan prau,kang laku dagang ana ing samodra kang nglangut,

24 padha ndeleng pakaryaning Sang Yehuwahlan pandamele kang elok ana ing telenging segara.

25 Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara,kang ngumbulake ombak-ombake,

26 wonge padha mumbul tekan ing langit lan padha mudhun marang ing samodra gedhe,nyawane remuk marga saka kacilakan iku,

27 padha mumet lan sempoyongan kaya wong mendem,sarta entek akale.

28 Ing sajroning karubedane iku nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing karubedane;

29 praharane kasireplan ombake segara padha anteng.

30 Wong-wong mau padha bungah, awit kaanane kabeh wus tentrem,sarta banjur dituntun menyang ing pelabuhan kang disenengi.

31 Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Yehuwah, awit saka sih-susetyane,marga saka kaelokane marang para anaking manungsa.

32 Wong mau kareben padha ngluhurake Pangeran ana ing pasamuwaning umat iku,sarta memuji marang Panjenengane ana ing pakumpulane para pinituwa.

33 Kali-kali kadadekake segara wedhi,sarta tuking banyu didadekake lemah cengkar,

34 tanah subur didadekake bumi asin,kang mangkono iku awit saka pialane wong kang padha ngenggoni,

35 ara-ara samun kadadekake blumbang,tuwin tanah cengkar didadekake sumber,

36 wong kang keluwen banjur padha dinungake ana ing kono,nuli padha mbangun kutha kang dienggoni,

37 tumuli padha nyebar ana ing pategalan lan gawe pakebonan anggur,kang metokake woh-wohan minangka pametune.

38 Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra,tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.

39 Nanging banjur suda-suda lan ngrekasa,awit saka pameteking sangsara lan kasusahan.

40 Pangeran banjur ngesoki kawirangan marang para panggedhe,padha kadadekake nglambrang ana ing pasamunan, kang ora ana dalane.

41 Nanging wong mlarat padha diayomi supaya ora katindhes,sarta anak-putune padha ditangkar-tangkarake kaya pepanthan wedhus kehe.

42 Para wong mursid padha weruh banjur padha bungah,nanging sakehing kaculikan padha mingkem.

43 Sapa wong kang wicaksana? Iku becik gondhelana marang prakara iku kabeh,sarta nggatekna marang sih-kadarmaning Yehuwah.