Jabur 104 JAV

MASMUR 104

Kaluhurane Pangeran Yehuwah ana ing sakehing titahe

104:1-35

1 Heh nyawaku saosa puji marang Sang Yehuwah!Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula,Paduka punika langkung dening agung,Paduka ngagem busana keprabon gumebyar.

2 Paduka ingkang asingeb pepadhang kadosdene nyamping,mbeber langit kados tendha.

3 ingkang yasa kamar-kamar panggungan Paduka wonten ing toya,ingkang ndadosaken mega dados titihan Paduka,ingkang tindak ing luhuring swiwinipun angin,

4 ingkang ndadosaken angin dados utusan Paduka,saha latu murub dados para pelados Paduka.

5 Ingkang nalesi bumi wonten ing ancik-ancikipun,satemah boten gonjang-ganjing ing salimi-laminipun.

6 Paduka krukub kaliyan samodra agung,toyanipun minggah ngungkuli redi-redi.

7 Toya wau lumajeng ajrih dhateng pangancam-ancam Paduka,lumajeng bingung margi saking swantening gludhug Paduka,

8 minggah ing redi, mandhap ing lebak,dhateng panggenan ingkang sampun Paduka temtokaken tumrap toya wau.

9 Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi,boten badhe wangsul ngelebi bumi.

10 Paduka ingkang ngilekaken toya dhateng ing lebak-lebak,mili ing sela-selaning redi-redi,

11 ngombeni sakathahing sato-kewan ing ara-ara,ngicali ngelakipun kuldi wanan,

12 ing sacelakipun dipun enggeni ing peksi-peksi ing awang-awang,ingkang sami ngoceh wonten ing antawisipun ron-ronan.

13 Paduka ingkang paring pangomben dhateng redi-redi saking ing dalem panggungan Paduka,bumi tuwuk margi saking wohing pakaryan Paduka.

14 Paduka ingkang nuwuhaken rumput kangge sato-kewan,saha tetuwuhan, supados kapigunakaken dening manungsa,temah ngedalaken tetedhan saking ing salebeting siti,

15 punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa,ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah,saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.

16 Wit-witanipun Pangeran Yehuwah sami tuwuk,wit eres ing Libanon tanemanipun,

17 papan panusuhipun peksi-peksi,peksi kasidah ingkang ngenggeni wit beros;

18 redi-redi ingkang inggil dados padununganipun menda wanan,lan parang-parang dados papan pandhelikaning kancil.

19 Paduka ingkang ndadosaken rembulan dados pananggalan;surya ingkang sumerep wekdal anggenipun serap.

20 Manawi Paduka ndhatengaken pepeteng, lajeng dados dalu,ing wekdal punika sakathahing sato-kewan ing wana sami saba.

21 Singa nem sami nggero-gero betah memangsan,lan ngadhang-adhang pakan saking Gusti Allah.

22 Ing wanci pletheking surya sami ngempal,sarta ngglethak wonten ing guwa pandhelikanipun.

23 Dene manungsa lajeng mangkat dhateng ing padamelanipun,saha dhateng ing panggaotanipun ngantos ing wanci sonten.

24 Saestu kathah sanget yeyasan Paduka punika, dhuh Yehuwah,sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan;saindenging bumi kebak ing titah Paduka.

25 Lah punika samodra, ageng lan wiyar tebanipun,ing ngriku kemruwet kewan-kewan ageng alit,tanpa wicalan kathahipun.

26 Ing ngriku kapal-kapal sami lelayaran,saha Lewiyatan ingkang Paduka titahaken,Paduka damel lelangen.

27 Sadaya sami ngajeng-ajeng dhateng Paduka,supados kaparingan tedha ing wancinipun.

28 Manawi Paduka paringaken, lajeng tinampenan,yen Paduka ngegaraken asta Paduka,sadaya sami katuwukan ing kasaenan.

29 Manawi Paduka nyingidaken wedana Paduka,sadaya sami gragapan;manawi Paduka mundhut nyawanipun, lajeng sami pejah,lan wangsul dados lebu malih.

30 Manawi Paduka maringaken Roh Paduka, lajeng sami tumitah,saha lumahing bumi Paduka dadosaken enggal.

31 Kaluhuraning Sang Yehuwah langgenga ing salawase,Pangeran Yehuwah karenana marga saka pakaryane.

32 Panjenengane kang mirsani bumi ndadekake gumetere,gunung-gunung kaasta, banjur ngwetokake kukus.

33 Sajegku urip aku arep ngidung kagem Sang Yehuwah,salawase aku ana, aku arep ngidung masmur,konjuk marang Gusti Allah.

34 Muga anggonku nggagas-nggagas ana ing ngarsane iki kapireng ing Panjenengane!Aku bakal tansah bungah-bungah marga saka Pangeran Yehuwah.

35 Para wong dosa ing bumiku cikben tumpes,lan para wong duraka cikben ora ana maneh!Heh nyawaku, ngluhurna asmane Pangeran Yehuwah!Haleluya!