Jabur 147 JAV

MASMUR 147

Panguwasa lan kamurahaning Pangeran Yehuwah

147:1-20

1 Haleluya!Sanyata becik ngidungake masmur marang Allah kita iku,malah iku nengsemake lan pantes ngidungake pamuji iku.

2 Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem,sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.

3 Panjenengane mulihake wong kang pepes atine,padha diblebedi tatune.

4 Pangeran nemtokake cacahe lintang-lintang,padha kasebut jenenge dhewe-dhewe.

5 Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi kakiyatane,kawicaksanane ora kena winirasa.

6 Pangeran Yehuwah nyantosakake maneh para wong kang katindhes,nanging para wong duraka padha diesorake nganti konjem ing bumi.

7 Padha ngrepekna kidung pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah,padha ngidunga masmur konjuk marang Gusti Allah kita kanthi swaraning clempung!

8 Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhungkang nyawisi udan marang bumi,kang damel gunung-gunung padha nukulake suket.

9 Panjenengane kang paring pakan marang sato-kewan,marang anak-anaking gagak kang padha celuk-celuk.

10 Pangeran ora karenan marang karosaning jaran,lan marang sikile wong lanang.

11 Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane,lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane.

12 He Yerusalem, ngalembanaa marang Sang Yehuwah,he Sion saosa puji marang Allahmu,

13 awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu,sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu.

14 Panjenengane kang nentremake satanah wewengkonmu,maregi kowe kalawan pepethinganing gandum.

15 Panjenengane maringake dhawuhe marang bumi,Pangandikane lumawat pesat.

16 Pangeran paring salju kaya wulu wedhus gembel,nyawurake ebun njendhel kaya awu.

17 Pangeran nguncalake jendhelan banyu kaya pecahan,sapa bisa tahan ngadeg mbetahake adheme?

18 Panjenengane ngandika, kabeh banjur ajer maneh,Panjenengane ngididake angin, banyune tumuli mili.

19 Sabdane kaparingake marang Rama Yakub,apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.

20 Panjenengane ora nindakake mangkono tumrap sakehing bangsa,sarta para bangsa iku padha ora sumurup marang sarake.Haleluya.