Jabur 72 JAV

MASMUR 72

Donga pangajap tumrap Sang Prabu

72:1-20

1 Saka Prabu Suleman.Dhuh Allah, Sang Prabu mugi Paduka paringi angger-angger Paduka,sarta kaadilan Paduka dhateng Sang Raja-putra!

2 Sageda panjenenganipun ngereh para umat Paduka klayan adil,saha para kawula Paduka ingkang katindhes, kalayan angger-angger!

3 Redi-redi sami nuwuhna tentrem-rahayu dhumateng bangsa,sarta tengger-tengger ngangsalna kaleresan!

4 Panjenenganipun mugi karsaa paring kaadilan dhumateng para tiyang ingkang katindhes, panunggilanipun bangsa punika,para tiyang mlarat sami kapitulungana,nanging ingkang nganiaya mugi sami karemuka!

5 Mugi yuswanipun pinanjangna salaminipun wonten surya,ngantos turun-tumurun, salaminipun wonten rembulan!

6 Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan,sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi!

7 Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar,sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.

8 Panjenenganipun mugi ngastaa pangwaos wiwit saking saganten dumugi saganten,tuwin saking bengawan Efrat ngantos dumugi ing pungkasanipun bumi.

9 Para ingkang manggen ing ara-ara samun sami sujuda wonten ing ngarsanipun,sarta para mengsahipun sami ndilata lebu;

10 para raja ing Tarsis kaliyan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung,para ratu ing Syeba lan ing Seba sami saosa bulu-bekti!

11 Sakathahipun para raja mugi sami sujud lan nyembah dhateng panjenenganipun,sarta sakathahipun bangsa sami dadosa abdinipun!

12 Sabab panjenenganipun badhe ngluwari para tiyang mlarat ingkang sami sesambat nyuwun tulung,tiyang ingkang katindhes, saha tiyang ingkang boten wonten ingkang mitulungi;

13 panjenenganipun badhe ngeman dhateng tiyang ingkang ringkih saha tiyang mlarat,badhe ngentas nyawanipun tiyang mlarat.

14 Panjenenganipun badhe nebus nyawanipun saking panindhes tuwin panganiaya,rahipun dipun anggep adi wonten ing paningalipun.

15 Mugi sugenga Sang Prabu! Mugi kasaosana pisungsung mas wedalan ing tanah Syeba!Mugi tansah kadongakna,saha ing sadinten-dinten mugi kaparingana berkah!

16 Nagari mugi kaluberana taneman gandum,ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking pareden;wohipun kajengipun mekar kados ing Libanon,wewulenipun samia mekar kados rumput ing bumi.

17 Asmanipun lestantuna ing salami-laminipun,salaminipun wonten surya asmanipun mugi saya kondhanga.Sakathahipun bangsa mugi sami berkah-binerkahana kanthi asmanipun,lan mastanana panjenenganipun rahayu.

18 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,Panjenengane kang nindakake kaelokan piyambakan!

19 Sarta pinujia asmane kang mulya ing salawas-lawase,salumahing bumi kebaka ing kaluhurane.Amin, Amin.

20 Tekan samene wus tamat pandongane Prabu Dawud, putrane Rama Isai.