Jabur 65 JAV

MASMUR 65

Kidung panuwun awit saka berkahe Gusti Allah

65:1-14

1 Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.

2 Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion,sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.

3 Paduka ingkang midhangetaken pandonga.Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka

4 amargi kalepatan.Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula,Paduka ingkang nglebur.

5 Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak,supados manggen wonten ing plataran Paduka!Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka,inggih kadhaton Paduka ingkang suci.

6 Dhuh Allah Pamarta kawula,Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi,dalasan pulo ingkang tebih-tebih;kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sangetsaha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.

7 Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka,Paduka ingkang apaningset karosan;

8 Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten,sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!

9 Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka;papan jumedhulipun enjing tuwin sonten,Paduka damel asurak-surak.

10 Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan,kalenipun Gusti Allah peres toyanipun,gandumipun Paduka cawisaken,inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:

11 Aluranipun Paduka elebi toya,prongkalanipun Paduka telesi,Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah,tetuwuhanipun Paduka berkahi.

12 Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka,tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.

13 Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun,pareden-pareden sami abingah-bingah,

14 pangenan-pangenan sami kebak menda gembel,lebak-lebak sami kinemulan gandum,samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung.