Jabur 132 JAV

MASMUR 132

Prabu Dawud lan kutha Sion pilihane Pangeran Yehuwah

132:1-18

1 Kidung jiyarah.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengetana dhumateng Prabu Dawudtuwin sakathahing kasisahanipun;

2 anggenipun supaos dhumateng Sang Yehuwah,saha nglairaken punagi dhumateng Allahipun Rama Yakub, ingkang Mahakuwaos makaten:

3 “Saestu kawula boten badhe lumebet ing kemah padunungan kawula,sarta boten minggah dhateng kanthil patileman kawula,

4 inggih boten ngangsalaken mripat kawula tilemutawi ngliyepaken tlapukan kawula,

5 ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah,padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”

6 Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata,wus oleh ana ing ara-ara Yaar.

7 “Payo padha lumebu marang padalemaning Allah,padha sujud nyembah ana ing ngarepe ancik-ancikaning sampeyane.”

8 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka,Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka.

9 Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan,saha para kekasih Paduka sami surak-suraka!

10 Margi saking Prabu Dawud, abdi Paduka,mugi Paduka sampun nampik dhumateng jebadan Paduka.

11 Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos,kang mesthi ora bakal diselaki:“Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;

12 angger turunira tetep anggone ngestokake prasetyaningSun,tuwin sakehing pranatan-pranatan kang Sunwulangake marang dheweke,anak-putune turunira mau ing salawas-lawasebakal padha lungguh ing dhamparira.”

13 Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah,dikarsakake dadi padalemane.

14 “Iki padalemaningSun ing salawase,ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun.

15 Panguripane bakal Sunberkahi nganti luber,sarta wonge mlarat bakal Sunwaregi kalawan roti.

16 Para imame bakal Sunsandhangi karahayon,sarta para wonge kang mursid bakal padha surak-surak marga saka bungahe.

17 Ana ing kono Ingsun bakal nuwuhake sungu kanggo Dawud,sarta jebadaningSun bakal Suncawisi diyan.

18 Mungsuhe bakal padha Sunanggoni sandhangan kang kebak kawirangan,nanging Dawud iku bakal nganggo makutha kang mencorong.”