Jabur 140 JAV

MASMUR 140

Pandonga nyuwun pangauban marga saka anane para wong ala

140:1-14

1 Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon,saha Paduka reksaa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya,

3 ingkang sami ngrantam-ngrantam piawon ing salebeting manah,sarta sadinten-dinten nggosok-gosok supados perang!

4 Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer,wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. (Selah)

5 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka,sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula.

6 Tiyang kumingsun kalayan sesidheman sami masangi jiret kawula,tuwin masang tangsul-tangsul kadadosaken jaring,sami masangi kala kawula wonten ing sauruting margi.(Selah)

7 Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah,Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”

8 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula,Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang.

9 Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka,sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. (Selah)

10 Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak,ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.

11 Sami kaesokana ing mawa!kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih.

12 Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi,tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai.

13 Kawula sumerep, bilih Pangeran Yehuwah badhe ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes,sarta badhe mbelani prakawisipun tiyang papa.

14 Saestu para tiyang mursid badhe sami memuji dhumateng asma Paduka,saha para tiyang jujur sami badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.