Jabur 84 JAV

MASMUR 84

Kangen marang padalemane Gusti Allah

84:1-13

1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh.

2 Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka,dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

3 Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah,manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyaktumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.

4 Dalah peksi greja sampun manggih griya,lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun,wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah,Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.

5 Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka,saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)

6 Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka,ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.

7 Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.

8 Lampahipun saya dangu saya kiyat,badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.

9 Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. (Selah)

10 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya,mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka!

11 Wonten ing plataran Paduka sadintenpunika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan;kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula,punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.

12 Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng;Panjenengane maringi sih lan kamulyan;wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.

13 Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah,rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka.