Jabur 44 JAV

MASMUR 44

Pasambate bangsa kang katindhes

44:1-27

1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.

2 Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak,saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula,bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun,inggih kala jaman kina.

3 Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka,nanging para leluhur sami Paduka tanem,suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara,nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.

4 Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari,sanes tanganipun ingkang murugaken unggul,nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka,sabab sami damel rena Paduka.

5 Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula,ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.

6 Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah,sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.

7 Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken,sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,

8 nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah,saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.

9 Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji,sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. (Selah)

10 Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan.Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula.

11 Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawulalan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.

12 Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan,saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.

13 Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanansarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.

14 Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula,kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

15 Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa,tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.

16 Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula,sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,

17 awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah,wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.

18 Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka,inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.

19 Manah kawula sami boten mbangkang,saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,

20 sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag,saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.

21 Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula,lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,

22 punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika?Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?

23 Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun,saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.

24 Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare?Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula.

25 Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka,saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya?

26 Dene nyawa kawula tumungkul ing lebu,badan kawula kelet ing siti.

27 Mugi Paduka karsaa jumeneng mitulungi kawula sadaya,sarta karsaa ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka.