Jabur 16 JAV

MASMUR 16

Rahayu wong kang mursid

16:1-11

1 Miktam. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula,amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.

2 Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula,tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”

3 Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.

4 Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng;kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken;namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.

5 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula.Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

6 Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken;siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.

7 Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku;malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.

8 Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah,manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku,aku mesthi ora nganti keguh.

9 Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak,malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.

10 Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan;Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.

11 Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula;kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka;ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.