Jabur 108 JAV

MASMUR 108

Pangucap sokur lan pandonga

108:1-14

1 Kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah,kawula badhe ngidung, kawula badhe ngrepekaken masmur.Tangia, heh nyawaku.

3 He slukat lan clempung padha tangia!bangbang wetan arep dakgugah.

4 Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yehuwahsaha badhe ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing tengahipun para suku bangsa;

5 awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit,saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega.

6 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit,saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.

7 Supados para kekasih paduka sami saged oncat;mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen,saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula.

8 Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene:“Ingsun arsa surak-surak;tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur,

9 Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,Efraim iku tetoponging mastakaningSun,Yahuda iku jungkating kapraboningSun,

10 Moab iku papan pawijikaningSun,Edom Sununcali trumpahingSun,lan marga saka tanah FilistiIngsun asurak-surak.”

11 Sapa kang bakal ngirid aku lumebu marang kutha kang santosa?Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

12 Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula,sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah?

13 Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah,awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina.

14 Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira,sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita.