Jabur 45 JAV

MASMUR 45

Kidungan nalika palakramaning ratu

45:1-18

1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan.

2 Atiku ngluberake tembung kang ngresepake,aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu;ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.

3 Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa,lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahidening Gusti Allah ing salami-laminipun.

4 Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit,ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem!

5 Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan,peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi!

6 Jemparing dalem sami landhep-landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu,para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem.

7 Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun,jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.

8 Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka;mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.

9 Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana,saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning pangalih dalem;

10 para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem,Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem,ngagem busana kencana saking Ofir.

11 Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani,mugi karsaa nilingaken talingan dalem,sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem!

12 Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem,awit punika gusti dalem! Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun.

13 Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung;para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem.

14 Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero,busanane sinulaman benang mas.

15 Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna,kadherekake dening para kenya mitrane,yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane.

16 Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak,padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu.

17 Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem,tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi.

18 Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun,mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun.