Jabur 7 JAV

MASMUR 7

Gusti Allah iku Hakim kang adil

7:1-18

1 Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin.

2 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman,mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,

3 supados sampun ngantos nubruk kawula kadosdene singa,sarta nyered kawula, saha boten wonten ingkang nguwalaken.

4 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten:manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,

5 manawi kawula damel piawon dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula,utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab,

6 manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng,lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti,saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)

7 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka,mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.

8 Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka,Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil.

9 Sang Yehuwah ngadili para bangsa.Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula,punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.

10 Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun,nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken,Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang,dhuh Allah ingkang adil.

11 Gusti Allah iku tetamengku,kang mitulungi wong kang burus ing ati.

12 Gusti Allah iku Hakim kang adil,tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.

13 Manawa wong ora mratobat,Gusti Allah bakal ngasah pedhange, menthang gandhewane, lan kaenerake.

14 Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau,jemparinge diurubake.

15 Lah wong iku ngandhut pialalan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;

16 nuli gawe luwangan, didhudhuk,nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.

17 Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe,sarta panganiayane nibani pathake dhewe.

18 Aku arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane,sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur.