Jabur 141 JAV

MASMUR 141

Pandonga ing sajroning panyoba

141:1-10

1 Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka,kawula mugi enggal Paduka rawuhi,mugi nilingaken dhateng swanten kawula samangsa kawula sesambat dhumateng Paduka.

2 Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka,saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.

3 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngawat-awati cangkem kawula,korining lambe kawula mugi Paduka jagi.

4 Manah kawula mugi sampun Paduka eneraken dhateng piawon,supados sampun ngantos nindakaken pandamel ingkang duraka,sesarengan kaliyan tiyang ingkang nglampahi piawon,sarta kawula sampun ngantos ngraosaken tetedhanipun ingkang eca-eca.

5 Tiyang mursid kajengipun nggebag saha ngukum kawula, punika katresnan;nanging lisahipun tiyang duraka sampun ngantosngrengga sirah kawula.Saestu kawula tansah ndedonga nglawan pandamelipun awon.

6 Manawi tiyang-tiyang wau kapasrahaken dhateng para hakimipun,temtu badhe mireng, bilih tembung kawula punika ngresepaken.

7 Kadosdene sela ingkang dipun sigar lan dipun remuk wonten ing siti,makaten ugi balung-balungipun sami pating slebar wonten ing cangkeming jagadipun tiyang pejah.

8 Nanging, dhuh Allah, Gusti kawula, mripat kawula tumenga dhateng Paduka,kawula ngungsi dhateng Paduka,Paduka sampun ngantos mbanting kawula.

9 Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sampun ngantos kenging ing jiret,ingkang kangge masangi kawula, saha ing kalanipun tiyang ingkang nindakaken piawon.

10 Tiyang duraka sami badhe dhawah sesarengan ing jaringipun piyambak,nanging kawula saged ngoncati.