Jabur 50 JAV

MASMUR 50

Pangabekti kang sejati

50:1-23

1 Masmur anggitane Asaf.Kang Mahakawasa, yaiku Pangeran Yehuwah, ngandika sarta nimbali marang bumi,saka prenah pletheking surya tutug prenahe surupe.

2 Saka ing Sion, sampurnaning kaendahan,Gusti Allah miyos ngagem kamulyan.

3 Allah kita bakal rawuh lan ora kendel bae,ing ngarsane ana geni kang memangsa,ingayap ing prahara kang nggegirisi.

4 Panjenengane nguwuh marang langit ing dhuwur,lan marang bumi prelu ngadili marang umate:

5 “Para kekasihingSun padha kumpulna ana ing ngarsaningSun,kang padha gawe prajanjian kalawan Ingsun mawa saos kurban sembelehan!”

6 Nuli langit mratelakake kaadilane,amarga Gusti Allah piyambak iku kang jumeneng Hakim. (Selah)

7 “He umatingSun, padha ngrungokna, Ingsun karsa ngandika,he Israel, Ingsun ndhawuhake paseksen marang sira,Ingsun iki Allah, Allahira!

8 Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira,amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?

9 Ingsun ora susah mundhut sapi saka ing omahirautawa wedhus lanang saka ing kandhangira,

10 amarga sarupaning kewan ing alas iku kagunganingSun,samono uga sato-kewan ewon kang ana ing gunung.

11 Sakehing manuk ing awang-awang Ingsun wanuh,lan apa kang kumelip ana ing ara-ara iku Sunwengku.

12 Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira,amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun.

13 Apa Ingsun dhahar daginge sapi lanang,utawa ngunjuk getihing wedhus lanang?

14 Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah,lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!

15 Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun,nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)

16 Balik marang wong duraka Gusti Allah ngandika mangkene:“Sira kok kumawani niti-priksa pranataningSun,lan cangkemira kok ngrasani prajanjianingSun,

17 mangka sira gething marang pameleh,sarta nyingkur marang pangandikaningSun.

18 Manawa sira weruh maling, sira banjur dadi kancane,sarta sira tetunggalan karo wong laku bedhang.

19 Cangkemira sira uja muni ala,sarta ilatira nganam-anam para cidra.

20 Sira lelungguhan nyatur alaning sadulurira,lan anake embokira sira pitenah.

21 Iya iku kang sira lakoni;nanging Ingsun kendel bae;panyananira Ingsun iki padha karo sira;sira mesthi Sunwelehake lan bab iki bakal Suncolok-colokake ana ing ngarepira.

22 He sira kang padha nyingkur marang Gusti Allah, padha gatekna;supaya aja nganti Sunsempal-sempal,lan ora ana kang ngluwari.

23 Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun;sapa kang jujur lakune,karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”