1 Kanggo lurah pasindhen.Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud.
2 He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan?Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur?
3 Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala,tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.
4 Wong duraka padha murtad wiwit lair mula,para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung.
5 Wisane kaya wisane ula,padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,
6 kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani,utawa swarane tukang maca mantra kang wasis.
7 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun,saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)
8 Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas,kajengipun sami alum kados rumput ing margi.
9 Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu,sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya.
10 Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri,kabeh kang isih seger dalasan kang wus gesengpadha kabengkas dening Pangeran.
11 Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales,sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.
12 Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas,satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.”