Jabur 81 JAV

MASMUR 81

Kidungan nalika nganyarake prajanjian

81:1-17

1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Anggitane Asaf.

2 Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita,padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub.

3 Padha ngidunga karo trebanganlan clempungan, kang laras binarung swaraning slukat.

4 Ngunekna kalasangka ing tanggal sapisan,ing tanggal purnama ing dina riyaya kita.

5 Amarga bab iku dadi pranatan tumrap bangsa Israel,sarta dadi angger-angger saka Gusti Allahe Rama Yakub.

6 Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf,nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir.Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.

7 “Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul,sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;

8 sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira,Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug,Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)

9 He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira;he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.

10 Ing tengahira aja ana allah liyane,sira aja sujud marang allah ngamanca.

11 Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira,kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir,cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.

12 Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun,sarta Israel ora seneng marang Ingsun.

13 Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku,cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.

14 Ah, saupama umatingSun ngrungokake marang dhawuhingSun,saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun.

15 Sanalika iku uga mungsuhe mesthi Suntelukake,sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun.

16 Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane,lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase.

17 Nanging umatingSun bakal Sunparingi mangan gandum kang becik dhewemalah bakal padha Sunwaregi kalawan madu saka ing parang.”