Jabur 59 JAV

MASMUR 59

Nyuwun pitulungan nglawan mungsuh

59:1-18

1 Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika Sang Prabu Saul utusan ndingkik lan nyedani ana ing daleme.

2 Dhuh Allah kawula, kawula mugi Paduka uwalaken saking mengsah kawula,Paduka mugi karsaa mbetengi kawula tumrap ingkang sami nglawan kawula.

3 Kawula mugi kauwalna saking tiyang ingkang sami damel piawon,kaluwarana saking tiyang ingkang sami remen ngwutahaken rah.

4 Amargi tiyang punika saestu sami nyegat ngangkah dhateng nyawa kawula,tiyang prakosa sami nempuh kawula,mangka kawula boten nerak wewaler, kawula boten dosa, dhuh Yehuwah,

5 kawula boten gadhah kalepatan, kok sami mlajeng saha tata-tata.Paduka mugi karsaa ngrawuhi kawula lan karsaa nguningani!

6 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,Paduka punika Gusti Allahipun Israel.Paduka mugi karsaa wungu paring paukuman dhateng para bangsa;para tiyang ingkang sami nglampahi piawon lan nandukaken kiyanat punika sampun ngantos Paduka welasi! (Selah)

7 Saben sonten sami wangsul malih,sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.

8 Saestu, sami nyemoni kaliyan cangkemipun;panyenyamah dumunung ing lambenipun,sabab -- sinten ingkang mirengaken?

9 Nanging tiyang punika sami Paduka gegujeng, dhuh Yehuwah,sakathahing bangsa sami Paduka poyoki.

10 Dhuh kakiyatan kawula, Paduka ingkang kawula gondheli,amargi Gusti Allah dados kitha beteng kawula.

11 Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane;Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku.

12 Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen,mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka,mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula.

13 Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun,sami kajireta margi saking piyangkuhipun.Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken.

14 Mugi sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesangantos sami sirna,supados smi mangretosa, bilih Gusti Allah ingkang misesani tedhak turunipun Rama Yakub,ngantos dumugi ing pungkasaning bumi. (Selah)

15 Saben wanci sonten sami dhateng malih,mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.

16 Sami nglambrang ngupados tedha,manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng.

17 Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka,ing wanci enjing kawula badhe asurak-surak margi saking sih-kadarman Paduka;amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula,papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula.

18 Dhuh Karosan kawula, Paduka badhe kawula kidungaken klayan kidung masmur;amargi Gusti Allah punika dados kitha beteng kawula,Gusti Allah kawula ingkang asih-darma.