Jabur 62 JAV

MASMUR 62

Rasa ayem marga cedhak karo Gusti Allah

62:1-13

1 Kanggo lurah pasindhen.Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem,kaslametanku iku saka ing Panjenengane.

3 Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.

4 Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong,arep kokremuk, he kowe kabeh,kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?

5 Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur,padha dhemen goroh,cangkeme padha ngucapake berkah,nanging batine padha ngipat-ipati. (Selah)

6 Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah,amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane.

7 Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.

8 Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku;peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.

9 He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane,sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane,Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah)

10 Satemene wong asor iku mung angin,para wong kang mulya iku mung pagorohan;yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur,amarga luwih entheng katimbang angin.

11 Aja ngandel marang panindhesan,aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan;manawa mundhak bandhamu,atimu aja rumaket mrono.

12 Gusti Allah ngandika sapisan,rong prakara kang dakrungu,manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah,

13 saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka;amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun.