Jabur 103 JAV

MASMUR 103

Heh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah

103:1-22

1 Anggitane Prabu Dawud.Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!Heh isining batinku kabeh, memujia marang asmane kang suci!

2 Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah,lan aja lali marang sakehing kasaenane!

3 Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu,lan maluyakake sakehe lelaramu.

4 Kang ngentas uripmu saka ing kubur,lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan,

5 kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik,temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha.

6 Pangeran Yehuwah paring adillan kabeneran marang sakehing wong kang kinaniaya.

7 Nabi Musa wus disumurupake marang margi-margine,lan pakaryan-pakaryane marang wong Israel.

8 Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih,gedhe sabare lan luber sih-susetyane;

9 ora tansah ndedukani,anggone duka ora ing salawase.

10 kang katandukake marang kita ora timbang karo dosa kita,anggone paring piwales marang kita ora ing sabobote kaluputan kita,

11 nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi,iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane;

12 sapira dohe wetan saka ing kulon,iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita.

13 Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake,iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelasmarang para wong kang ngabekti marang Panjenengane.

14 Amarga Panjenengane mirsa kadadean kita iku saka apa,sarta enget yen kita iki lebu.

15 Anadene manungsa iku dina-dinane kaya suket,kaya kembang ing ara-ara, kaya mangkono anggone akembang;

16 manawa kasiliran ing angin, banjur wus ora ana,tilas panggonane wus ora wanuh marang dheweke maneh.

17 Nanging sih-susetyaning Pangeran Yehuwah,iku wiwit ing kalanggengan, nganti tekan ing kalanggengan, tumrap para wong kang ngabekti marang Panjenengane,apadene kaadilane tumrap para anak-putune,

18 tumrap para wong kang padha ngandhemi ing prasetyanelan kang eling marang dhawuhe, nedya diestokake.

19 Pangeran Yehuwah wus nyantosakake dhampare ana ing swarga,sarta karajane mengku samubarang kabeh.

20 He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe,kalawan ngrungokake swaraning pangandikane,padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

21 He sakehing wadya-balane lan abdine kang nglakoni sakarsane,padha saosa puji marang Sang Yehuwah.

22 He sakehing yeyasane,ing sawewengkone pangwasane,padha saosa puji marang Sang Yehuwah!He nyawaku, saosa puji marang Sang Yehuwah.