1 Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhurlan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,
2 iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula,Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”
3 Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat,lan saka pageblug kang mbilaeni.
4 kowe bakal dikemuli kalawan elare,bakal diayomi ing sangisoring siwiwine,kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.
5 Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi,marang panah kang lumepes ing wayah awan,
6 marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng,tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.
7 Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu,sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu,ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;
8 iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae,lan ndeleng piwales marang para wong duraka.
9 Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu,Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,
10 Kowe ora bakal katempuh ing bilai,sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu;
11 awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe,supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.
12 Kowe bakal ditadhahi ing tangane,supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.
13 Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi,singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.
14 “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari,bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.
15 Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani,ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi,bakal Sunentasake lan Sunluhurake,
16 bakal Sunwaregi kalawan umur dawa,lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”