Jabur 92 JAV

MASMUR 92

Pangeran Yehuwah Hakim kang adil

92:1-16

1 Masmur, kekidungan ing dina Sabat.

2 Ngucap sokur dhumateng Pangeran Yehuwah kanthi kekidungan punika prayogi,makaten ugi nyaosi kidung masmur dhumateng asma Paduka,dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur,

3 saha nyariyosaken sih-susetya Paduka ing wanci enjingtuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,

4 kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat,binarung ing swaraning clempung.

5 Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka,kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.

6 Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka,sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.

7 Tiyang bodho boten badhe nyumerepi,saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.

8 Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan,sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembakapunika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.

9 Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun.

10 Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah,inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes,sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken.

11 Nanging singat kawula Paduka inggilaken kados singating bantheng,kawula ingesokan ing lisah jebad ingkang enggal;

12 mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.

13 Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma,sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;

14 para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah,bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,

15 sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe,padha dadi lemu lan seger,

16 supaya bisaa nyaritakake yen Pangeran Yehuwah iku bener,peparangku kang adoh saka ing laku cidra.