Jabur 89 JAV

MASMUR 89

Kasetyaning Yehuwah marang Sang Prabu Dawud

89:1-53

1 Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi.

2 Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun,kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.

3 Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun;kasetyan Paduka jejeg kados langit.

4 Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun,Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.

5 Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase,sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)

6 Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah,malah inggih jalaran saking kasetyan Padukaing satengahing pasamuwanipun para suci.

7 Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah,lan ing antarane para kang manggon ing swargasapa kang madhani Sang Yehuwah?

8 Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci,lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.

9 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka?Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.

10 Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh,manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.

11 Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan,mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.

12 Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka,jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.

13 Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken,redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingahsurak-surak margi saking asma Paduka.

14 Paduka ingkang kagungan bau santosaasta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.

15 Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka,sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

16 Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak,dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,

17 sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka,saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.

18 Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun,singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.

19 Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah,saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.

20 Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi,suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan,sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.

21 Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun,kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.

22 Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun,sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.

23 Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh,apadene kawasesa ing wong culika.

24 Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe,sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.

25 Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun,sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,

26 Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara,sarta tangane tengen ngereh kali-kali.

27 Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula,Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”

28 Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep,tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.

29 Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase,lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.

30 Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase,apadene dhampare ing saumuring langit.

31 Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun,sarta lakune ora manut ing pranataningSun,

32 lan padha nerak marang katetepaningSun,sarta ora netepi pepakeningSun,

33 panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada,tuwin kaluputane kalawan gebug.

34 Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud,sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.

35 Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun,tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.

36 Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun,mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.

37 Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase,lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,

38 kaya rembulan kang ana ing salawas-lawaseminangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)

39 Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken,sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,

40 prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken,makuthanipun Paduka regedi kados lebu,

41 balowartinipun Paduka rebahaken,beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan.

42 Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi,sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.

43 Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken,sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.

44 landheping pedhangipun Paduka damel mbalik,Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.

45 Cahyanipun Paduka suremaken,sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.

46 Dinten enemipun sampun Paduka celakaken;piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)

47 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan,sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?

48 Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun,punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?

49 Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah,ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)

50 Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit,ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?

51 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada,saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,

52 ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah,ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.

53 Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!