Jabur 102 JAV

MASMUR 102

Pandonga nyuwun tulung lan pandonga tumrap Sion

102:1-29

1 Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

2 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.

3 Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawulaing dinten karubedan kawula.Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula;manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!

4 Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus,balung kawula sami mengangah kados prapen.

5 Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput,ngantos kawul kasupen nedha roti kawula.

6 Margi saking pasambat kawula ingkang sorakawula ngantos kantun lunglit.

7 Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun,saha peksi beluk wonten ing jugrugan.

8 Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksikepencil wonten ing payon.

9 Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula,tiyang ingkang sami damel dolanan kawulasupaos kaliyan nyebut nama kawula.

10 Awit kawula nedha awu kadosdene roti,saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.

11 Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka,kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar.

12 Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang,saha kawula piyambak alum kados rumput.

13 Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun,sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.

14 Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion,amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih,sampun dumugi ing wancinipun.

15 Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun,sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.

16 Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah,sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane,

17 manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sionlan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane

18 sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan,sarta ora ngremehake marang pandongane.

19 Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe,temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,

20 awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur,sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi,

21 prelu miyarsakake pasambate wong tahanan,tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,

22 supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion,tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,

23 samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk,padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

24 Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan,lan umurku dicendhakake.

25 Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula,Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula!Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”

26 Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

27 Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun,tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge,lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,

28 nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir,saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.

29 Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem,saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka