Jabur 139 JAV

MASMUR 139

Pandonga ana ing ngarsane Gusti Allah kang mahamirsa

139:1-24

1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula.

2 Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga,Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan.

3 Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso,saha salampah-lampah kawula Paduka uningani.

4 Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan,sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah.

5 Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng,lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula.

6 Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula,inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh.

7 Dhateng pundi anggen kawula kesah nebihi roh Paduka,dhateng pundi anggen kawula mlajeng nilar pangayunan Paduka?

8 Manawi kawula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing ngrika,manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku.

9 Manawi kawula mabura mawi swiwinipun bangbang wetan,sarta manggena wonten ing poncoting seganten,

10 ugi wonten ing ngriku kawula katuntun ing asta Paduka,saha kaasta ing asta Paduka tengen.

11 Saupami kawula mungela: “Awakku kalimputana ing pepetenglan pepadhang ing sakubengku dadia bengi,”

12 pepeteng wau boten damel peteng wonten ing paningal Paduka,dalu inggih dados padhang kados siyang,pepeteng sami kados pepadhang.

13 Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula,Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.

14 Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula.Pakaryan Paduka punika elok,nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.

15 Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula,nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan,saha kawangun wonten ing telenging bumi.

16 Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra,sadaya punika sampun sami kaserat wonten ing kitab Paduka,dinten-dinten ingkang badhe kawontenaken,nalika satunggal kemawon dereng wonten.

17 Dhuh Allah, saiba remitipun panggalih Paduka punika,iba kathahipun gunggungipun!

18 Manawi badhe kawula wical gunggungipun nglangkungi cacahipun pasir;manawi kawula ngaso, jebul kawula taksih wonten ing ngarsa Paduka.

19 Dhuh Allah, tiyang duraka mugi Paduka tumpes,tiyang ingkang remen ngwutahaken rah, mugi sami sumingkira saking kawula,

20 ingkang sami nyenyamah Paduka,sarta ingkang tanpa damel anggenipun sami nglawan dhumateng Paduka.

21 Dhuh Yehuwah, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka, punapa boten kawula sengiti,saha punapa kawula boten bosen dhateng tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka?

22 Pancen sami kawula sengiti tiyang-tiyang punika,sami dados satru kawula.

23 Dhuh Allah, kawula mugi Paduka jajagi tuwin manah kawula mugi Paduka uningani,kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula.

24 Paduka mugi karsaa niti-priksa, punapa lampah kawula nyleweng,sarta karsaa nuntun kawula wonten ing margi ingkang langgeng!