Jabur 41 JAV

MASMUR 41

Pandonga nyuwun kawarasan

41:1-14

1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih!Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara.

3 Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane,temah kasebut wong begja ana ing bumi;Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun!

4 Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone,Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.

5 Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi,kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”

6 Satruku padha nyatur aku ala:“Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”

7 Wong kang tilik aku, rembuge goroh:atine kebak piala,bareng metu iku diwartak-wartakake.

8 Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku,padha ngrantam piala marang aku:

9 “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”

10 Dalah mitraku kang dakpracaya,kang kembul mangan karo aku,iku uga ngethungake tungkake marang aku.

11 Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula,kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika.

12 Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula,punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.

13 Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula,sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Padukaing salami-laminipun.

14 Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel,wiwit ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan!Amin, Amin.