Jabur 21 JAV

MASMUR 21

Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul

21:1-14

1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka,sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!

3 Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi,saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

4 Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber;saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.

5 Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi,ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.

6 Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka,punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.

7 Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun;Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

8 Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah,saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

9 Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka,ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen

10 sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub,samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah.Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya,sarta sami badhe kamangsa ing latu.

11 Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi,tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.

12 Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem,sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.

13 Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya,sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun.

14 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka!Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmurtumuju dhateng ing kasantosan Paduka.