Jabur 19 JAV

MASMUR 19

Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere

19:1-15

1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Langit nyaritakake kamulyaning Allah,sarta akasa mratelakake yeyasaning astane;

3 rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti,lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.

4 Ora ana pawarta lan ora ana tembung,ora keprungu swarane,

5 ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi,pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad.Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit

6 kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare,berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane.

7 Wetune saka ing tepining langitsarta ubenge tumeka ing sisih liyane,ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.

8 Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna,nyegerake nyawa;pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu,aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman.

9 Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis,mbungahake ati;prentahe Sang Yehuwah iku murni,gawe sumoroting mripat.

10 Wedi marang Sang Yehuwah iku suci,lestari ana ing salawase;paugerane Sang Yehuwah iku bener,kabeh adil,

11 endahe ngungkuli mas,malah ngluwihi mas murni akeh;legine ngungkuli madu,malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.

12 Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya,sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.

13 Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran?Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.

14 Abdi Paduka mugi Paduka ayomi, ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal;punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula!Kawula lajeng tetep tanpa cacadsaha resik saking ing panerak ingkang ageng.

15 Mugi-mugi Paduka karenan dhatengkedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawulalan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah,peparang kawula, saha panebus kawula.