Jabur 37 JAV

MASMUR 37

Kabegjane wong duraka iku kabegjan kang ora nyata

37:1-40

1 Anggitane Prabu Dawud.Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala,aja meri marang wong kang culika;

2 amarga iku enggal bakal padha layu kaya suket,utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo.

3 Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan,tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,

4 lan bungaha marga saka Sang Yehuwah,dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.

5 Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandela marang Panjenengane,Panjenengane kang bakal tumindak.

6 Panjenengane bakal mbabarake kebeneran mau kaya pepadhang,sarta wewenangmu kaya raina.

7 Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah,aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe,sarta marga saka wong kang nglakoni culika.

8 Biraten nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku,aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.

9 Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes,nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwahiku bakal padha oleh warisan bumi.

10 Awit wektune mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna;sarta tilas panggonane bae yen kokgatekake iya wus ora ana maneh.

11 Balik wong kang andhap-asor iku bakal padha oleh warisan bumi,sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakake katentreman kang linuwih.

12 Wong duraka nganam-anam pitenah nglawan wong mursid,sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe.

13 Nanging digegujeng ing Pangeran,amarga Pangeran mirsa, yen dinane wong iku wus cedhak.

14 Wong duraka padha ngunus pedhangelan menthang gandhewanearep mateni para wong kang sangsara lan mlarat,sarta kang jujur lakune.

15 Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe,gandhewane padha pinutung.

16 Sathithika kae barang darbeke wong mursidiku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.

17 Amarga tangane wong duraka bakal padha ditugel,nanging wong mursid iku dikukuhake dening Pangeran Yehuwah.

18 Pangeran Yehuwah nupiksani dinane wong saleh,warisane bakal lestari ing salawase;

19 ing dina karibedan ora bakal kawirangan,lan ing mangsa paceklik iya bakal kawaregan.

20 Balik wong duraka mesthi bakal padha tumpeslan satrune Sang Yehuwah bakal padha sirna kaya kaendahane suket ing pangonan;padha sirna, padha sirna kayadene kukus.

21 Wong duraka utang, nanging ora nyaur,balik wong mursid iku ambek welasan lan dhemen weweh.

22 Wong kang binerkahan ing Pangeran iku padha oleh warisan bumi,nanging kang kena ing laknate iku padha ditumpes.

23 Jangkahe wong dikukuhake dening Pangeran Yehuwah,anggere lakune wong mau dadi keparenge Pangeran;

24 samangsa tiba ora nganti gumuling,amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane.

25 Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa,aku durung tau nyumurupi wong mursid kategakake,utawa anak-putune padha luru-luru pangan;

26 saben dina nandukake kawelasan lan ngutangi,sarta anak-putune padha dadi berkah.

27 Ngedohana marang piala sarta nglakonana kabecikan,temah pamanggonmu lestari ing salawas-lawase;

28 amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan,lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan.Malah padha direksa ing salawase,nanging para turune wong duraka padha ditumpes.

29 Para wong mursid padha oleh warisan bumilan tansah manggon ing kono.

30 Cangkeme wong mursid iku medharake kawicaksanan,sarta ilate ngucapake kaadilan.

31 Angger-anggering Allahe ana ing batine,lakune ora sleyoran.

32 Wong duraka ndingkik marang wong mursidngarah patine;

33 nanging ora diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane,Panjenengane ora bakal kendel bae samangsa dheweke diadili kaanggep duraka.

34 Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine,satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi,sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes.

35 Aku weruh sawijining wong duraka kang agung-gumunggung;kang mekar kaya wit eres ing Libanon.

36 Nalika aku liwat, kok wus ora ana;dakgoleki nanging ora ketemu.

37 Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen,awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine;

38 balik wong mursal padha tinumpes bebarengan,sarta para wong duraka pangarep-arepe ing tembe bakal kasirnakake.

39 Para wong mursid iku dipitulungi dening Sang Yehuwah;Panjenengane kang dadi pangayomane ing mangsa karubedan;

40 bakal padha dipitulungi dening Sang Yehuwah sarta diluwari,padha diuwalake saka ing tangane para wong duraka lan dislametake,awit padha ngungsi marang ing Panjenengane.