Jabur 48 JAV

MASMUR 48

Sion, kuthane Gusti Allah

48:1-15

1 Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.

2 Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-pujiana ing kuthane Gusti Allah kita!

3 Gununge kang suci, kang munggul endah,iku minangka kasenenganing sajagad rat;gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor,kuthane Sang Nata Agung.

4 Ana ing kadhaton-kadhatoneGusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.

5 Amarga awasna, para raja padha ngumpul,sarta padha bebarengan mangsah nempuh;

6 bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan;kaget, banjur padha mlayu sarsaran.

7 Dumadakan padha geter ana ing kono,padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.

8 Paduka ngremuki baita-baita Tarsis,kaliyan prahara saking wetan.

9 Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita,ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,ing kuthaning Allah kita;Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)

10 Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka,kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.

11 Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka,ngantos dumugi ing pungkasaning bumi,asta tengen Paduka kebak kaadilan.

12 Redi Sion kajengipun abingah-bingah;para putrinipun Yahuda kajengipun asurak-surakmargi saking paukuman Paduka!

13 Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute,etungen menarane,

14 tamatna balowartine,dlajahana kraton-kratone,supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.

15 Sanyatane iki Gusti Allah,iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase!Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.