Jabur 30 JAV

MASMUR 30

Kidung pamuji sokur marga uwal saka ing bebaya

30:1-13

1 Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.

2 Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula luhuraken,amargi Paduka sampun ngentas kawula,saha boten marengaken manawi mengsah kawula sami bingah margi saking kawula.

3 Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka,lajeng Paduka sarasaken.

4 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan,Paduka nggesangaken kawulawonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.

5 Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi,sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!

6 Amarga bebendune mung sadhela,nanging kamirahane tetep ing salawase urip;ing wayah bengi ana panangis,ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak.

7 Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula:“Aku ora bakal gloyoran salawase!”

8 Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan,kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa;nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget.

9 Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:

10 “Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah,manawi kawula mandhap dhateng ing kubur?Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Padukasarta martosaken kasetyan Paduka?

11 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula,dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”

12 Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan,pangangge kawula bagor Paduka rucat,kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan,

13 supados nyawa kawula ngidungaken masmur kagem Padukalan sampun ngantos kendel kemawon.Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun.