Jabur 55 JAV

MASMUR 55

Pandonga nyuwun pitulungan marga ana mungsuh

55:1-24

1 Kanggo lurah pasindhen.Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud.

2 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula!

3 Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan,kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah.

4 Margi saking pambengoking mengsah,lan panganiayanipun tiyang duraka;amargi sami ndhatengaken bilai,sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula.

5 Manah kawula ngolang-ngaling,tuwin pagirising pejah ngebruki kawula.

6 Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter,kawula kalimputan ing pagiris.

7 Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara,banjur mabur golek papan kang tentrem,

8 malah nuli lumayu nganti adoh,lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)

9 Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen,ngoncati angin gedhe lan prahara.”

10 Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun,amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha!

11 Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun,sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran;

12 saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun,panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.

13 Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula,kawula taksih saged sabar.Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula,kawula taksih saged singidan.

14 Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku,kancaku lan wong kang dakpracaya.

15 Aku padha sesrawungan kalawan becik,lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean.

16 Wong iku muga padha kacandhaka ing pati,padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan!Amarga omahe malah batine kadunungan piala.

17 Nanging aku nyebut marang Gusti Allah,sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.

18 Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis;Pangeran banjur miyarsakake swaraku.

19 Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentremsaka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku.

20 Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula,bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. (Selah)Amarga padha ajeg bae,sarta padha ora wedi marang Gusti Allah.

21 Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun,amarga nerak prajanjiane.

22 Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega,nanging karepe arep nempuh perang;alusing tembunge ngluwihi lenga,nanging sakabehing mau pedhang ligan.

23 Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,temah kowe mesthi direksa!Pangeran ora marengake,yen wong mursid gloyoran ing salawase.

24 Nanging Paduka, dhuh Allah, badhe nyemplungaken tiyang-tiyang punikadhateng ing sumur ingkang lebet;tiyang ingkang ngwutahaken rah tuwin lampah cidra,umuripun boten badhe dumugi sapalihnanging kawula kumandel dhumateng Paduka.