Jabur 136 JAV

MASMUR 136

Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel

136:1-26

1 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik!awit langgeng sih-kadarmane.

2 Padha saosa puji marang Allahe para allah,awit langgeng sih-kadarmane.

3 Padha saosa puji marang Gustine para gusti,awit langgeng sih-kadarmane.

4 Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan,awit langgeng sih-kadarmane.

5 Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan,awit langgeng sih-kadarmane.

6 Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu,awit langgeng sih-kadarmane.

7 Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit,awit langgeng sih-kadarmane.

8 Srengenge kang mengku raina,awit langgeng sih-kadarmane.

9 Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi,awit langgeng sih-kadarmane.

10 Kang mejahi para pembarepe wong Mesir,awit langgeng sih-kadarmane.

11 Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe,awit langgeng sih-kadarmane.

12 Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene,awit langgeng sih-kadarmane.

13 Segara Teberau dipiyak dadi loro,awit langgeng sih-kadarmane.

14 Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe,awit langgeng sih-kadarmane.

15 Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau,awit langgeng sih-kadarmane.

16 Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi,awit langgeng sih-kadarmane.

17 Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe,awit langgeng sih-kadarmane.

18 Para ratu kang mulya padha dipateni,awit langgeng sih-kadarmane.

19 Sihon, ratune bangsa Amori,awit langgeng sih-kadarmane.

20 Lan Og, ratu ing Basyan,awit langgeng sih-kadarmane.

21 Tanahe banjur diparingake dadi pusakane,awit langgeng sih-kadarmane.

22 Dadi pusakane Israel, abdine,awit langgeng sih-kadarmane.

23 Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran,awit langgeng sih-kadarmane.

24 Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita,awit langgeng sih-kadarmane.

25 Apadene paring pangan marang sakehing makhluk,awit langgeng sih-kadarmane.

26 Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga,awit langgeng sih-kadarmane.