Jabur 28 JAV

MASMUR 28

Sang Yehuwah iku tetamengku

28:1-9

1 Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka,mugi sampun ngendelaken kawula,sabab manawi Paduka ngendelaken kawula,kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.

2 Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula,manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung,tuwin njunjung tangan kawulangener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.

3 Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka,utawi ingkang nglampahi awon,ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun,nanging manahipun kebak piawon.

4 Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun,saha manut pratingkahipun ingkang awon;mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipunsarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.

5 Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah,sarta apa kang katindakake dening astane,mulane bakal padha katibakakelan ora ditangekake maneh.

6 Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakakeswaraning pasambatku.

7 Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku,atiku kumandel marang Panjenengane.Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah,sarta aku ngunjukake panuwunmarang Panjenengane kalawan kekidungan.

8 Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate,Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!

9 Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak,mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.