4 Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula,kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon.
5 Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun,punika badhe kawula tumpes,tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun,punika kawula boten remen.
6 Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari,supados sami manggen nunggil kaliyan kawula.Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun,punika badhe ngladosi kawula.
7 Tiyang ingkang lampah culikaboten badhe manggen ing griya kawula,sinten ingkang dora-caraboten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula.
8 Saben enjing kawula badhe numpessakathahing tiyang duraka,ingkang wonten ing nagari;sakathahing tiyang ingkang lampah awon,badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.