1 Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane,pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!
2 Padha ngidunga kagem Panjenengane, kidungna kalawan masmur;saliring pakaryane kang elok padha caritakna!
3 Padha ngegung-egungna asmane kang suci,atine para wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah dimen padha bungah.
4 Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,padha tansah ngupayaa wedanane!
5 Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake,tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake,
6 he para putra-wayahe Rama Abraham, abdine,he para putrane Rama Yakub, pepilihane!
7 Iya panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pepancasane nyrambahi ing salumahing bumi.