13 Sarta padha ngumbara saka panggonane bangsa kang siji, menyang panggonane bangsa sijine,saka ing karajan kang siji menyang panggonane suku bangsa sijine;
14 Panjenengane ora marengake yen ngantia padha dianiaya dening sapa-sapaa,para ratu padha diukum marga saka dheweke kabeh;
15 pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe,lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”
16 Nalika Panjenengane ndhatengake pailan ana ing nagara kono,lan sakehe tandhon pangan disirnakake,
17 banjur ana wong kang kautus ndhisiki dheweke kabeh:Yusuf kang kaedol dadi batur tukon.
18 Sikile dibelok,gulune rinante ing wesi,
19 nganti tumeka ing titimangsane pangandikane kelakon,sarta pancasaning Yehuwah mbenerake dheweke.