24 Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar,kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe;
25 atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah,sarta abdine padha dipitenah.
26 Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine,lan Imam Harun pepilihane.
27 Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe,sarta mukjijat ana ing tanah Kham.
28 Pangeran ndhatengake pegowong, temah dadi peteng,nanging padha mbangkang marang pangandikane;
29 banyune kasabdakake malih dadi getih,sarta iwake padha dipateni.
30 Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane,malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.