29 banyune kasabdakake malih dadi getih,sarta iwake padha dipateni.
30 Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane,malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.
31 Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak,lan lemud-lemud ing satanah kabeh;
32 Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono,lan geni kang mulad-mulad ing negarane;
33 wit anggur lan anjir padha karubuhake,lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali.
34 Gusti Allah ngandika, banjur ana walang,lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,
35 banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane,sarta ngganyang sapametuning palemahane.