30 Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane,malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.
31 Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak,lan lemud-lemud ing satanah kabeh;
32 Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono,lan geni kang mulad-mulad ing negarane;
33 wit anggur lan anjir padha karubuhake,lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali.
34 Gusti Allah ngandika, banjur ana walang,lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,
35 banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane,sarta ngganyang sapametuning palemahane.
36 Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane,wohing kekuatane kang kawitan.