6 he para putra-wayahe Rama Abraham, abdine,he para putrane Rama Yakub, pepilihane!
7 Iya panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pepancasane nyrambahi ing salumahing bumi.
8 Panjenengane ngengeti ing prasetyane nganti ing salawas-lawase,yaiku sabda kang wus didhawuhake marang sewu turunan,
9 kang wus didamel karo Rama Abraham,lan supaose marang Rama Iskak;
10 kang ditetepake dadi pranatan kanggo Rama Yakub,dadi prajanjian langgeng kanggo bangsa Israel,
11 mangkene pangandikane: “Sira bakal Sunparingi tanah Kanaan,dadi tanah pusaka kang katemtokake kanggo sira.”
12 Nalika cacahe durung sapiraa,mung sethithik, tur dadi wong ngamanca ana ing kono.