13 saturunipun sami tumpesa,tuwin namanipun kasirnakna ing turun candhakipun,
14 piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah,sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,
15 kajengipun tansah kagalih dening Pangeran Yehuwah,supados pangenget-enget dhateng tiyang punika dipun bengkas saking bumi,
16 awitdene boten enget nindakaken katresnan,nanging ngoyak-oyak tiyang ingkang kesrakat sarta mlarattuwin ingkang pepes manahipun ngantos sami nemahi pejah.
17 Sarehning remen ngucapaken ipat-ipat,mila sami katamana ing ipat-ipatipun piyambak;sarehning boten remen dhateng berkah, mila mugi berkah inggih nebiha saking piyambakipun.
18 Ipat-ipat dipun angge kados rasukan,mila rumesepa ing badanipun kados toya,tuwin kados lisah ing balungipun,
19 inggih dadosa kados sandhangan ingkang dipun angge,sarta sabuk ingkang tansah dipun angge.