22 Kawula nandhang sangsara saha kakirangansaha manah kawula karujit-rujit wonten ing batos kawula,
23 kawula ngical kados wewayangan ingkang sangsaya panjang,kawula kakebutaken kados walang.
24 Dhengkul kawula lemes margi anggen kawula siyam,sarta badan kawula dados kera, katelasan gajih.
25 Kawula sampun dados cecampahanipun tiyang-tiyang punika,saben ningali kawula sami gedheg-gedheg.
26 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula,kawula mugi Paduka pitulungi,kawula mugi Paduka luwari, laras kaliyan sih-kadarman Paduka,
27 supados sami sumerepa, bilih punika asta Paduka,bilih Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang nindakaken punika.
28 Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi,kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang,nanging abdi Paduka manggiha kabingahan.