28 Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi,kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang,nanging abdi Paduka manggiha kabingahan.
29 Tiyang ingkang sami nglawan kawula mugi sami kasandhangana wirang,sami kalimputana ing kawirangan kadosdene mawi jubah.
30 Banget anggonku arep ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah kalawan cangkemku,sarta Panjenengane arep dakluhurake ana ing satengahing wong akeh,
31 awitdene Pangeran jumeneng ana ing satengene wong papa,arep ngluwari saka para wong kang ngukum.