3 kawula dipun tempuh klayan tembung-tembung sesengitan,saha dipun perangi tanpa sabab.
4 Minangka piwales tumrap katresnan kawula sami nggigat kawula,mangka sami kawula dongakaken,
5 kasaenan kawula dipun wales piawon,saha katresnan kawula kawales sengit.
6 “Netepna tiyang duraka ingkang masesani piyambakipunlan tukang nggigat wonten ing sisih tengenipun.
7 Samangsa dipun adili katetepna kalepatanipun,saha pandonganipun kaanggepa dosa;
8 umuripun kacelakna,kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes;
9 anakipun sami dadosa lola,tuwin semahipun dadosa randha.